Selamat Datang di Uchavision Semoga Bermanfaat | Pasang Iklan Baris Gratis

Tuesday, September 2, 2014

Contoh Atur Pambagyaharja

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

- Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni
- Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon
- Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana

Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.

Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira.

Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika.

Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup

kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.

Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda Mungkin Menyukai:

0 komentar:

Post a Comment

> Berkomentar yang bijak ya sob.
> No Sara
> Ane berhak menghapus pesan yang gak masuk akal

Cek Resi Kiriman Anda